Selasa, 15 November 2011

WANGSULIPUN AGAMI BUDDHA


WANGSULIPUN AGAMI BUDDHA

Wangsulipun Agami Buddha kawawas sarana sejarah.
Bebukaaning sejarah wangsulipun agami Buddha, amprihamprih resep ing pamireng rinengga ing sekar Dhandhanggula
                       
                                    DHANDHANGGULA  
                       
                        Candranira kinarya ngluri,
                        Piwulangnya sang Buddha Gotama
                        Lir kebo mulih kandhange,
                        Khaceta ing Borobudhur
                        Ingkang dadya minangka seksi
                        Yekti piwulang Buddha
                        Kang ingagung-agung
                        Mula nira para kanca
                        Ayo podha bebarengan ngurip-urip
                        Nuhoni marang Dharma

Dados menawi dipun wawas sapunika para siswaning Sang Buddha katinggal ngrembaka, saben dinten tansah mindhak,awit saking dipun sebat ing saloka , KEBO MULIH ING KHANDANG.
Katitik muni-muni. Solah-tingkah , tandang-tanduk, tandang-grayang, lair batin ing madyaning bebrayan punika, cetha sanget bilih jiwanipun taksih ngrembaka dhateng piwulang kabudhan, kajosta: pakecapaning basa, bebasan, trap silaning pasrawungan, tatacara, tandang graying bebrayan lair batin. Umpaminipun: nalurining sesaji, babagan balai wisma/griya, ingkang sarwa tiga kadosta: badhe nabuh gamelan mawi sesaji,beksa mawi dipun tabuhi, wilanganing beksa mawi tiga lan gangsal. Lelagon jawi mawi paugeran pathet inggih tiga. Slendra: nem, sanga lan manyura. Pelog: lima lan barang.
Seksi ingkang sanyata: candhi Borobudhur boten saged kebantah malih, awi punika cetha wewangunan Buddha. Mangka punika tilaranipun kaki-nini duk ing nguni ingkang tansah ingagung-agung, serta sayekti dados pratandha kaegunganing kaki nini kita. Kangge ngluhuraken panutan Agama Buddha. Tumpraping,negari sarta bebrayan umum,saben wonten tamu saking manca negari ing saindhenging bawana, mesthi merloaken dhateng Borobudhur. Dados cetha sanget bilih kaki nini kita wiwit kina makina sampun ngrasuk agami Buddha sarta sampun mbalung sumsum tuwin thandes ing sanubari. Dados agami Buddha (Dharmanipun Sang Buddha) sampun kuwawi ngluhuraken kuncaraning bangsa miwah negari warata ing saindheinging bawana.
Tuwin malih bilih katiti saking sejarah, Adhedhasarlaladaning negari duk kuncaranipun prabu smaratungga ingkang yasa Candhi Borobudhur, Mendut, pawon, plaosan, kalasan, candhisar, miwah candhi sewu. Laladaning negari sisih kilen:dumugi Madagaskar, ler: dumugi pulo formusa, malah indocina ugi kalebet laladan negaripun prabu smaratungga, wetan dumugi Irian.
Para raja reh-rehan kala wau sami manungkul tanpa karana ginebag ing bandawala pati (perang) namung saking kayungyun payoning kautaman .
Bab agama Buddha, boten namung ubeg ing jawi Tengah kemawon nanging sumebar waradin ing saindhenging Nuswantara (Indonesia). Buktinipun ing Sumatra(Lampung ler) wonten kraton tulang bawang ingkang run temurun, kadhatuwan sriwijaya ing Palembang.Ing Kalimantan ugi wonten kraton kutai, inggih sang Mulawarmann ingkang minangka rajanipun. ing jawi kilen krajan Tarumanegara,ingkang dipun asta dening sang purnawarman, jawi wetan kaprabuan majapait kasta prabu Brawijaya,sang udayana ing bali sarta sang candradewa ing Irian
Pramila boten nama aneh sareng wonten piwulang Buddha thukul malih,para sanak kadang, mitra karuh sami andalidir sami tumut alelumban ing madyaning pawiyatan Agama Buddha,ingkang dipun beberaken dening ingkang kawogan ambabaraken Dharmaning Sang Buddha
Pramila sumangga sami dipun leluri. Nanging punika boten kanthi raos peksan, awit bilih sarana peksan punika cengah kaliyan Dharmaning Sang Buddha ingkang adhedhasar METHA KARUNA (welas asih)
Para siswanipun Sang Buddha, minangka selingan mrih regenging sarta reseping swasana kula ngaturaken sekar Dhandhanggula candhakipun sekar ing ngajeng
                                   
                                    DHANDHANGGULA

             Pancen nyata jaman Majapahit,
            Jaman nira prabu Brawijaya
            Ingkang dadya panutane
            Agama Buddha iku
            Ingkang samya pinundhi-pundhi
            Sagung pra nara praja
            Myang kawulanipun
            Kacheta jroning bebrayan
            Patrapira sesaji miwah semedi
            Yekti piwulang Buddha

Pancen nyata jaman Majapahit jamanipun prabu Brawijaya Agama Buddha lan Hindu dados agamaning negari. Pujangganing Agama Buddha: Mpu Prapanca, tetilaranipun awewaton sejarh: Candhi kidal, panataran, jago, candhi sukuh
Nitik anggenipun boten ambedak-mbedakaken kasta miwah jinising manungsa (jaler-estri), miwah jejeging adil, kaprabuan Majapahit wonten raja 6 (nem) ingksng kalebet agung: Tribuwana,Tunggadewi, Wisnuwardani sarta suhitarini (Kencanawungu, ing langendiyan)
Mila para wanita ingkang boten tidha-tidha malih, sami nyinau Dharmaning agama Buddha salebet-lebetipun, kinarya mangsulaken kawibawaning para wanita dados duking nguni miwah purwanipun
Wiwit nara praja miwah kawulanipun kakung-putri, sugih utawi mplarat, sami ngaken Agama Buddha, tur sami nindakaken kanthi mulunging panggalih
Mila mboten aneh bilih ing buku sejarah sinebat Negara kerta gama. Kerta tegesipun boten gadhah mengsah (cecengilan). Gama: para kawulanipun sami nindakaken agami kanthi tulusing manah
Mekaten ingkang jalari bebrayan punika ngantos sapriki angel sanget kapurih nilaraken sesaji
Mila menawi nitik rumpakan sekar Dhandhanggula cetha sanget Dharmaning Sang Buddha ngrembaka ing jiwangga/sanubarining bebrayan
Semanten rumpakan sejarah kabudan ingkang saged kula aturaken sarta sakedhik kabumbonan buku-buku babad tanah jawi,mugi kenginga kangge garan para siswanipun sang Buddha ingkang sami anresnani sarta angeluri Piwulang agami Buddha tuwis kaki-nini ing nguni

Tidak ada komentar:

Posting Komentar