Sabtu, 05 November 2011

CAKEPAN WANDANA MAWA LAGU


CAKEPAN WANDANA MAWA LAGU
Kapendhetaken saking lagi Ibu Pertiwi

Hyang Maha Suci
(kasambet dening sadaya pandherek puja-puji) Hyang Maha Suci…
Paring sandang lan boga kang murakabi
Peparing rejeki mring titah kang bekti
Hyang Maha Suci, Hyang Maha Suci
Maha Asih mring sesame
Hyang Maha Suci
Kang agung luhuring budi
Ayo smungkem mring Hyang Maha Suci.

Kalajengaken TRI SARANA mawa Lagu

TRI SARANA
Sl/9

Sang Budha mugi-mugi
Peparinga pangayoman
Sang Dharma lestaria
Nggennyo paring pangayoman
Sangha ugi angayomi
Mring pra titah, titah budi
Ingkang samya amemuja
Muja-muji tuwin semedi
Tinebihna sambekala
Pinayungan Maha Suci

Dhuh Dewa mugi-mugi
Manggiha suko raharja
Pra Sata lestaria
Nggennyo manggih sukoharjo
Dewa Naga sami ugi
Awit dayaning semedi
Mugi bangsa Indonesia
Sepuh anem kakung putrid
Mugi kersa amanunggal
Gumolong gelenging kayun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar