Sabtu, 05 November 2011

MANTRA SAKTI

MANTRA SAKTI

DUDUK WULUH
  1. Sembah ulun, sungkem Hyang Maha Agung,
Sun susuwun mugi-mugi, sedya ulun den kinabul
Sirna memalaning urip
Sang Budha paring pangayom

  1. Rasa muhung, rumeseping balung sungsum
Rasa rumangsa ngrungkebi, rah tumrah pra leluhur
Rasa sumanggeming budi
Rumajang miwah reroyong

  1. Nandhang wuyung, nuruti sasmita luhung
Narbukaning manah suci, nindakken dhawuh Hyang Agung
Nulya bangkit ing panganggit
Nenangi raosing batos

  1. Panembahku, punjering panembah ulun
Paringa nugraha jati, pindha kartikaning esuk
Panjrah puspita sinuji
Prabancana kang sumorot

  1. Darmaipun, dumugi ing janjinipun
Dadi pepeling kang edi, ndungkap gangsal atus taun
Dredah krajan Majapahit
Dahat Sabda Smara katon

ASMARADANA
  1. Manembah Hyang Maha Suci,
Mugi peparinga welas
Mring kawula ingkang lamong
Momong sagung titah Budha
Madya wusananing darma
Mring pepalang malang megung
Musna datan karana

  1. Cloroting wahyu sejati
Candra surya lan kartika
Cipta rasa mring Hyang Manon
Cahya sumunar trawaca
Cihna lamun katarima
Clorot wahyu kadya ndaru
Cumunduka titah Budha

  1. Jana mudra jroning smedi
Jumangkah raos manembah
Jroning cipta mring Hyang Manon
Jaya-wijaya paringna
Jabang bayine kang muja
Jiwa muhung mring Hyang Agung
Jinurungna kang sinedya

  1. Wus lami nggen kulo nganti
Wangsul Budha Mahayana
Winongwonga wahyu Prabon
Wus nate ing Nuswantara
Wibawa Dwija Wiyata
Watara dwi dasa taun
Wayah wareng siwur nyadang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar