Selasa, 15 November 2011

SEJARAH LAIRIPUN SANG BUDHA NAMPI WAHYU,NIBANA (muksa)


SEJARAH LAIRIPUN SANG BUDHA
NAMPI WAHYU,NIBANA (muksa)

Kinarya mbawani Tri Nugraha ing nginggil kanthi rinipta ing sekar srinata(Sinom)

Nuju ratrining purnama
Sajroning taman lumbini
Tentrem tan nana nyabawa
Nadyan kewan saba bengi
Warga sang narapati
Lagya nedheng ngayun-ayun
Laire sang jabang putra
Brol lair ing madya ratri
Suka marwata sang prabu sudadana


Ing negari kosala tlatah hindia sisih le ring ereng-erenging gunung mahameru ing kitha kapilawastu, sidhem premanemdatan wonten sabawaning walang alisik, nadyan sunaring sang retuning nuju purnama sidhi, kewan-kewan saba bengi ugi tan nyabawa kaya-kaya kandheg melu asung pambagya ingkang badhe rawuh
Para narapraja miwah kulawangsanipun sang prabu sudadana sadaya samya ngempal wonten ing madyaning taman lumbini, ugi tan nyabawa awit kaprabawan sang prameswari Dewi Maya ingkang nanggulangi kridhaning sang jabang bayi ingkang wonten salebeting Guwa Garba, awit sang jabang sampun titi wanci tumedhak ing madyapada
Nuju madya tengah ratri Dewi Maya nyuwun miyos dhateng sang prabu sudadana lajeng ginandheng asta nira miyos sajawaning wangon ampriksani endahing sunaring sang Dewi ratri kang nuju purnama sidh. Sang prabu kekalih ngungak ing akasa ing ciptarasa karsa   pineleng dadya sajuga among minta pangayomaning Hyang Maha suci mprih kalising sambekalalaire sang jabang bayi
Nyata katarima panyiptanira katandha ana cahya gumebyar, ilange cahya katon ana gajah putih ing ngarsane sang prameswari ingkang sareng kakedhepaken ical saking panduluning netra sasirnane gajah putih wau sigra sang putri nyuwun manjing jroning pasanggrahan taman lumbini.prapta jlog jroning pasanggrahan adreng kridhaning sang jabang sigra brol lair miyos kakung ing taun 623 S M (Candra sengkalanipun TRI RATNA KEKANTHEN ASTA)
Pepak sagunging para narapraja miwah para Brahmana inggahing para jawata ingkang samnya mangajab mangayubagya lairing sang jabang bayi
Salah satunggaling pujangga ingkang sampun sepuh sasampunipun naliti tandha- tandhaning keagunganing sang jabang bayi sigra sarikutan angusapi waspa, nangis sesengkruan; dinangu sang prabu matur walaka bilih ingkang putra sayekti titah ingkang agung ing benjang dados pangayomaning jagad lair lan batin lamun boten dados nalendra
Amung kuciwaning sang pujangga  dene mboten saged amenangi keagunganipun sang jabang wau
Sareng midanget aturipun sang pujangga wau suka marwata penggalihipun Sang Prabu Sudadana
Putra sinung asma pangeran Sidarta.Amung gawoking lelampahan dene sang prameswari Dewi Maya boten kapareng momong putra ngantos katinggal kaagunganipun namung wenang pitung dinten amomong putra sampun tinimbalan ing ngayunaning Hyang Maha Suci
Sang sidarta sayekti titah kang pinunjul cocog kaliyan wecanipun para Brahmana ingkang samya meca du king lairipun sang sidarta. Kacetha wonten ing salebeting pawiyatan-pawiyatan kasusastaran kaprajan kanugrahan para dwijanipun tansah kalanggar ing kawicaksanan. Saya agung panggalihipun sang prabu sudadana anguningani kawicaksananipun ingkang putra mila tansah ginadhang-gadhang sageda gumantya narendra ing praja kapilawastu sampun ngantos dados Brahmana kados wecanipun para Brahmana du king nguni. Mila ingangkah  sang sidharta supados boten anguningani dhateng kasangsayanging para titah ing madya pada ingkang nandhang papa cintraka ngantos dipun yasakaken pasanggrahan tri mangsa (telung mangsa), inggih punika a. mangsa asrep b. mngsa madya. C. mangsa panas
Sareng yuswa 23 taun sang sidharta kapalikramakaken kaliyan putranipun sang prabu supra budha ing negari ayodya inggih sang putri yasodara sarana sayembara: kanuragan kadosta menthang langkap miwag titising pamanah, kalaksanan sang sidharta saged mboyong putri ingkang sulistya ing warna miwah sejatining wanita. Mila boten aneh tansah renteng-runtung  kadya mimi lan mintuna anggennya akekaronsih anindakaken darmaning satriya mudha
Ndungkap 4 taun sampun sinung putra miyos kakung pinaringan wasiyat pangeran rahula
Titi wanci sang sidharta arsa sinengkakaken ing ngaluhur ngasta pusaraning praja ngrigenaken ubeng ingering negari sang sidharta nedya cangkram ingkang ingajap para nara praja wanita lan pria
Enjang budhal gumuruh saking negari kapilawastu, katinggal upacaraning bebarisan, klebeting gendera rontek miwah tengara matalu-talu yen cinanra panganten binayang baying. Umyek para kawula ing negari kapilawastu sareng miring calon ratunipun badhe cangkraman miwah tengara ambal-ambalan, priya wanita kutha desa rebut dhucung silih ungkih nggennya samya angadhang satepining marga ingkang badhe dipun langkungi lumaksananipun  pangeran sidharta saderengipun linangkungan sang prabu sudadana sampun wara-wara sampun ngantos wonten tiyang cacat, cala ina, sudra papa, papariman, Brahmana miwah boten kenging mancaka layon. Lamun nerak paliwaraning nalendra gedhe pradataning nalendra
Nanging ubeng ingering jagad hamung ingkang Maha Suci ingkang murba-wasesa, mila sanadyan sampun wonten paliwara ingkang mekaten, kapeksa lampahing barisan upacara mprangguli ingkang dados wewalering narendra ingkang sampun kawibarakaken
Sang sidharta saben-saben mrangguli tiyang ingkang cacat,cala ina,sudra ,papa ina papariman tansah ndangu punapa pribadinipun ugi saged kataman panandhang ingkang makaten wau.
Dening pandherek dipun wangsuli,saged,
Angglong tyasira sang pangeran sidharta sareng kamukten punika mboten saged langgeng sarta gesang punika dados jagading kasangsaran ingkang kantun piyambak sang sidharta mprangguli Brahmana ingkang wicaksanaingkang pasuryanipun kadosdene medal sorotipun.sang sidharta ugi ndangu,kawangsulan inggih punika naminipun Brahmana ingkang sampun nggayuh kasampurnaan gesang lair batin.sigra sang sidharta ndhawuhaken dhateng manggalaning bebarisan kondur angedhaton.
Dumugining prajamatur ingkang rama nedya tapa brata ngupadi kasampurnan kinarya ngentasaken para titah ingkang tansah nawung kridhaning kasangsaran.mesthi kemawon Sang Prabu mboten marengaken. Nedya garwa ugi anggendholi, awit ing reh sesarengan anggulawenthah ingkang putra pangeran.Rahula mbentoyong penggalihipun sang sidharta sareng midhanget dhawuhipuningkang rama miwah aturipun ingkang garwa, legeg penggalihipun kadya dhinodhog jajanipun njenger tan saged ngucap mbegegeg kadya tugu sinukarta. Nanging bawaning satriya tama penggalih ingkang mekaten wau saged sinamudana, nanging ing cipta sedyanira tan gumingsir sarabut pinara sasr. Mila sareng madyaning ratri kepara garwa miwah putra sampun sare, sang sidharta ampreksani ngleketeripun sang putra ing kekepane sang ibu ing cipta cat tega,cad boten nanging titi pamawasing netra lamun sang putra sampun kuwawa pangkruketing ibu miwah panggulawanthahing wibi,sigra los saking sananendra kadhereaken abdi tetiga sampun kasamekteaken turangga ingkang sampun rinakit. Turangga kagebrag mbetah kadya kilat kesit kadya thathit sirna saking panduluning ratrining kitha lumebet ing desa-ngadesa prapteng tepine wana uruwela ing ereng-erenging gunung himalaya. sigra tedhak saking turangga.busana kasatriyan karucat,santun ngagem busananing ngatapa miwah rikma kaparas kakintunaken abdi pandherek katur ingkang garwa kinarya pratandha bilih sang sidharta mangun tapa.
Sang sidharta noraga njalajah wana wasa tumuruning jurang trebis, kala mangsa mrangguli para Brahmana ingkang sami mbangun teki sang sidharta wawansabda luhuring kasampurnan ngantos rambah kaping gangsang. Nanging sadaya wau dereng saged minangkani pamundhutipun sang andon lelena brata mila ing cipta nedya teteki pribadi ngantos saged ngayuh arya marganing katentreman(arya= sejati)
Lampah meketen wau tri warsa salebeting guwa, tri warsa sangandhaping mandera ngantos sarira kuru aking lamun cinandra lir raga koncatansukma madyaning ratri wonten sasmita wewentehan lampah makaten wau kirang leres awit damel sangsaraning raga pribadi kang tanpa wates miwah garwa putra ingkang taksih dados wewenangipun.mila lajeng kondur manggihi garwa lan putra nanging ing cipta tetep badhe ngudi kasampurnan jati namung lampahipun saben pitung dinten pitung ndalu tuwi garwa putra. Lampah makaten wau ngantos rambah kaping pitu sampun ndungkap kasampurnan jati kados rinipta ing sekar: SRINATA ing ngandap punika:
                                   

                                    SINOM
Mancorong sunaring candra
Sumunar tan pilih kasih
Yata pangeran sidharta
Mempeng denira semedi
Sangandhaping wit budi
Tumuruning wahyu agung
Ya madyama patipada
Twin catur arya satyani
            lampah hasta arya marga kang utama





NB: Nyuwun sewu dumatheng sagunging pamiarsa Tulisan punika dereng rampung, mangkih kasambung maling menawi kulo sampun gadah wekdal damel lajengangen tulisan punika. nuwun nuwun lan matur nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar