Sabtu, 05 November 2011

DHANDANG GULA Tlutur


DHANDANG GULA
Tlutur kagem  upacara lalayu lan pengetanipun

Budha Nusanthi Kawedar
  1. Maha Mulya titah ingkang suci
Miwah kawicaksanan sanyata
Ing lair lawan batine
Limpat sabarang kewuh
Kamulyan lair batin
Mirsa sakehing alam
Ya Guru Kang Agung
Manungsa miwah jawata
Samya nuladha mring Hyang Kang Maha Budhi
Ngluhuraken mring Sang Budha

  1. Sayektine nora ana malih
Pangayoman kang sanyatanira
Hamung Sang Budha jatine
Sayekti Guru Agung
Pangayomku tumeking mbenjing
Pra Budha jaman purwa
Myang kang badhe  rawuh
Sumrambah jaman punika
Siyang ratri sun pepuji lair batin
Lan ingsun sudarsana.

  1. Ora pisan, pisan-pisan malih
Nedya ngayom marang titah liya
Kajawi Sang Budha dhewe
Karana agungipun
Ingkang sampun manjing sesuci
Mugi angayomono
Mring titah kang nungku
Karana kasunyatan
Sun pepuji ing siyang miwah ing ratri
Kamulyan lan kawibawan

Darma Nusanti Kawedhar
  1. Piwulangnya Sang Hyang Maha Budhi
Sampun cetha lan mawela-wela
Karya candra pribadine
Kasampurnan ira iku
Anglairken wohing pakarti
Saged kapirsanana, miwah nyatanipun
Kagayuh pra wicaksana
Ingkang samya prigel olah kridheng Budhi
Jatining kasunyatan

  1. Data nana pangayoman malih
Kajawi Dharmaning Sang Budha
Ngantya ing jaman akire
Mring Dharma kang rumuhun
Miwah Dharma kang arsa prapti
Uga Dharma ing mangkya
Tansah ndheku sujud
Karana ing kasunyatan
Dharmanira mung tansah sarwa nyocogi
Mring ubeng ingsering jaman

  1. Datan pisan, pisan-pisan malih
Ngayom marang saliyaning Dharma
Kajawi Sang Dharma dhewe
Karana Dharmanipun
Dharma suci kang tanpa tandhing
Mugi angayomono, mring titah kang tulus
Tulus marang Dharmanira
Mugi-mugi tansah minter angayomi
Datheng dasih kawula

  1. lair batin nggen kula ngrungkepi
Asarana nungkulken mustaka
Sumungkem aneng ngarsaNe
Mring dharma Agung iku
Kang sanyata Dharma kang suci
Bilih kawula lepat
Solah tindak-tanduk
Ngluberna ing pangaksama
Awit saking kirang patitising galih
Nyuwun gung aksama

Sangha Nusanti Kawedhar
  1. Siswanira Risang Budha sami
Lair batinira samya lana
Tansah tulus bebudine
Ya iku para wiku
Sumungkem mring piwulang Budhi
Bebudenira Sangha, dumadining Catur
Miwah Hasta Arya Marga
Sakabehing titah kumelip ing bumi
Kang pantes pinilala

  1. Para wiku sanyata ngayomi
Mring sagunging titah Budha samya
Kang cetha mring piwulange
Prapta ing akhiripun
Nadyan Budha ing jaman nguni
Myang Budha arsa prapta, kawula sumujud
Tuwin Budha ing jaman samangkya
Siyang ratri tansah suyut nyenyungkemi
Padanira Sang Dwija

  1. Tuwin malih sagunging kumelip
Ingkang pantes dipun upakara
Tuwin malih pangidhepe
Pantes pinaring pemut
Ingkang pantes dipun suyuti
Lan jembaring swasana
Ingkang langkung agung
Datan womten tandhingira
Ingkang samya jroning madyapada ugi
Karana kasunyatan.

  1. datan nedya ngayom sanes malih
Kajawi mring Wiku wicaksana
Karana pilih tandhinge
Awit kanyatanipun
Solah tingkah lan muna-muni
Mulya lan wicaksana
Tansah dalem turut
Lair batin ngentu pada
Mring pra Wiku ingkang tuhu tanpa tandhing
Mugi paring aksama

Tidak ada komentar:

Posting Komentar