Sabtu, 05 November 2011

Bawa Sekar Ageng CANDRA RATNA MURTI


Bawa Sekar Ageng CANDRA RATNA MURTI
Candi Borobudhur
Budha Mahayana
Kaloka ing jagad
Kinarya memuja
Para kaki nini (dipun waos sesarengan)
Mring Hyang Adhi Budha
Kang supaya panaosik ing jiwangga
Mugi-mugi pinaringna
Wimbuh sukeng driya
Kang pinuja widada nir sambekala.

Telasing bawa lajeng ketampen ing sekar Kinanthi Candrawulan

Kinanthi Candrawulan
Slendro pathet 9.

Candhi Budha borobudhur
Adi Budha kang pinuji
Dadi loking manca nagri
Ing bawana wus kasusra
Budha Mahayana yekti.

Ad iluhung Borobudhur
Rinengsa prasasti peni
Asesatining kamulyan
Mbudidaya mrih basuki
Utamaning jaman Budha
Dadya tepa lan palupi

Utamaning Borobudhur
Run-tumurun den pepuji
Manungsa kang jiwa tama
Amemuji syang ratri
Mring Hyang Kang Akarya Jagad
Anetepi darma jati

Yeku candhi Borobudhur
Adilihung tama sami
Nuswantara manca praja
Among pinanggih sawiji
Hamba tansah amemuja
Agunging pujangga nguni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar