Sabtu, 05 November 2011

CANDHI BOROBUDUR


CANDHI BOROBUDUR
( Kawasan sarana Buddha Mahayana )


Ing bumi kelairan kita (Indonesia) anggadhahi wewangunan ingkang sayekti adiluhung,inggih punika candhi Borobudhur,ngantos dados kawigatos jagad.langkung-langkung ing titi  wanci punika,kathah para tamu saking manca negari (turis)ingkang sami angrawuhi candhi Borobudhur saperlu ambuktekaken kondhanging candhi kasebat.Menggah candhi Borobudhur punika mapan wonten ing sakidul kilenipun kitha Magelang ,watawis 25 km saking kitha Magelang wau.Inggih candhi Borobudhur punika satunggaling wewangunan ingkang pranyata inggih drajanipun .Mila mboten aneh bilih saged dados kawigatosaning jagad.
Candhi Borobudhur punika tilaranipun swargi para kaki-nini  kita minangka pratandha kaluhuraning budi –pakerti,sarta alusing raos kabatosan. Punika ugi satunggaling kabudayan ingkang luhur. Inggih kanthi candhi Borobudhur punika luhuring bangsa kita saged kawastanan inggil.awet manut wewaton sampun nyebataken bilih “ASOR SARTO LUHURING BANGSA IKU KENA DIJAJAGI SARANA ASOR LAN LUHURING KABUDAYAN”. Inggih punika ukuraning bangsa kita rikala jamanipun kanalendran Jawi Tengah (Kulawangsa salendra).
Pangripatane candhi Borobudhur  kapapanaken wonten ing satunggaling gumuk (redi alit).Dening Guna Darma ingkang minangka pangarsanipun.awit  panjenengan nipun satunggaling priyayi  ingkang anggadhi kawruh (ilmu) wewangunan ,ingkang aslinipun  saking Nepal (India) .punika satunggaling seniman ingkang langkung inggil drajadipun.candhi kasebat kadamel wonten antawisipun jaman kaping 8 (wolu) 9 (sanga).
Dening para ahli ukir ,damel candhi ingkang  ageng awujud STUPA ingkang langkung  endah saengga tanpa tandhing. Perlu kuloa aturaken bilih candhi Budha Mahayanga.
Kangge  ambuktekaken, sumangga kula aturi minggah langkung gapuraning candhi rumiyin medal sisih wetan. Sesampunipun dumugi nginggil kita lajeng menggok mangiwo. Ing ngkriku wonten gambar-gambar wewangunan (relif) candhi .sadaya kalawau dados pratelan badhe tumedhakipun sang budha (taksih awujud sukma) dhateng madyapada .ngantos sugengipun sang Buddha. Kathi mantep bilih sang Gautama punika dados bodhisatwa, tumurun saking swarga tusita, lumebet ing guwa-garbaning ibu, inggih Dewi maya,ingkang dipun wujudaken rerupen GAJAH SETA wau ical saking panduluning netra lumebet ing gua-garba.
Katinggal ugi gambar ingkang mratelaken nalika sang Bodhisatwa miyos (lair) ing taman lumbini. Nalika sang bodhisatwa mupu sayembara kanthi menthang langkap (gandhewa) anglepasaken jempa-ring/panah. Panah kalawau kuwawi anembus kekayon ingkang jejer 7 (pitu) butul kapisanan. Sayembara kasebat kangge anggayuh sarana garwa prameswari, anenggih raja putri Dewi yasodara,putra putrinipun  sang prabu suprabudha.perlu katerangaken ugi bilih ingkang ramanipun sang bodhisatwa kalawau inggih sang prabu sudadana., satunggaling raja ing negari kapilawastu punika kalebet wewengkon negari Nepal.
Sang bodhisatwa (calon Buddha) kalawau timuripun kekasih pangeran sidharta.
Nalika panjenengannipun yuswa 29 taun, sampun jengkar saking kadhaton lumebet ing wana, saperlu ngupadi sarana kangge ngicalaken panandhangipun sadaya manungsa ing madyapada.punika.
Dene bab ing nginggil punika wau katindaaken dening pangeran sidharta sasampunipun nindakaken cangkrama ngenggar-enggar panggalih wonten sanjawaning kadhaton, bab punika boten andadosaken lejaring panggalih. Amargi lajeng ugi amirsani wewujudanipun tiyang ingkang sakit, sepuh sarta pejah punapadene pepriman, ingkang pungkasan amirsani satunggaling brahmana ingkang sampun saged nilaraken kadonyan sarta sampun saged dipun tinggali wonten ing gambar-gambar (relif)ingkang pinanggih wonten salebeting candhi Borobudur.
Manut lalitaswistara ingkang dados tiyang sepuh pepriman/tiyang ngemis tiyang sakit sarta tiyang pejah, punapadene brahmana punika satunggaling Dewa. Mila sasampunipun pangeran sidharta pirsa sadaya wewujudan punika wau ingkang anjalari sang pangeran kagungan panggalihan nilaraken kadhaton, inggih satunggaling wekdal kangge manggihaken cara ngentasaken sadaya jagading panandhang.
Pangeran sidharta lajeng merguru dating satunggaling brahmana, ingkang lajeng paring pinten-pinten kawruh sarta seserepan cara kangge nggayuh dhateng kasampurnan jati.
Sasampunipun sang pangeran saged pikantuk kawruh kasampurnan lajeng naliti bab kawontenaning agesang. Ingkang sayektosipun gesang punika satunggaling panandhang.
Titikanipun bilih candhi Borobudur punika candhi Budha Mahayana:
  1. Panca Dyani Budha tegesipun:
Panca: 5, jumeneng pangayoman : Budha: Suci.
Cocok kaliyan kepribaden sadulur 4. 5 pancer.
  1. Ingkang sinebat Daksa Bumi:
Daksa: 10, Bumi: trap/ undhak-undhakan/ tingkatan
Cocok kaliyan kepribaden 1-0
Manunggaling kawula lan Gusti
  1. Cacahipun recanipun Sang Budha: 5 0 5 = 5,0+5=10 (1-0). Mengku teges Manunggaling kawula lan Gusti.
  2. Ukuraning sela miturut Van Erep: 5 5 0 0m3. sami kaliyan: 5+5,00=10
Ateges ugi manunggaling kawula lan Gusti.
Pramila aneh lamun kita sareng-sareng pinaringan emut dhateng kapribaden, tanpa tedheng aling-aling niyat angrungkepi tunggak kencana ing Borobudur, inggih Agami Budha. Awit kita ngrumaosi wajib maris serta ngluhuraken kawruh sarta seserepanipun para kaki-nini, ingkang sayekti, karana edi endahing wewangunan suci ing Borobudhur.
Kangge nancepaken raos endah sarta edining candi Borobudhur, ngiras pantes kangge sawetawis anglipur penggalih, sumangga kita sami nyinau sarta nyobi nyekar lelagon ing ngandap punika ingkang sampun rinumpaka kanthi Bawa Sekar Agung CANDRA RATNA MURTI, laras slendro pathet 9.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar