Sabtu, 05 November 2011

PURWAKA


PURWAKA

Para siswa/siswi-nipun Sang Budha kakung putrid, sepuh anem, saha para maos singkang kita muyakaken.
Namo Budhaya.
Jangkep Tri Windu (24tahun) kamardikaning Negari Republik Indonesia, Sumangga sami Puja-puji Semedi kanthi weninging cipta rasa karsa marak ing ngayunaning Hyang Maha Suci.
Mugi-mugi Negari kita tansah winahyu ing tata tentrem Kerta Raharja, Nara Praja, Nara Yuda, Nara Kisma (Among tani), Nara Nangkodha, Nara Lalaya, Nara Sendrawan-Sendrawati (seniman-seniwati), mugi tansah winahyua ing Jaya-jaya Wijayanti nir ing sambekala.
Kangge nanggapi Tri Winduning Kamardikan, cocog kaliyan kalenggahanng Agami kita urun-urun ngleksanakaken Repelita/ Modes ing Jawi Tengah, ing babagan Pendidikan Mental: Kanayakan Ngambali pangecaping Pustaka Tri Dharma Kawedar ingkang kaping sekawan, minangka tatacara tuntunaning Panembah.
Pangecaping Pustaka alit wau katambah : Ujubing Sesaji ingkang sayekti taksih ngrembaka ing jiwaning bebrayan. Saha 10(sedasa) Sekar macapat ingkang pangriptanipun Purwakanthi Sastra jawi 20(kalih dasa) wanda, miwah cengkoking ukara Wacana lumaksita.
Dene tambah isining Pustaka (buku) inggih naming minangkani pamundhutipun para kadang kala mangsanipun kedah ngujubaken sesaji (ubarampening wilujueng). Sekar macapat hamengku gegayuhan:
  1. Pangurip-uriping kabudayan basa tuwin sastra.
  2. Panglipur wuyung (hiburan).
  3. Ngisi sepining padesan, langkung-langkung mangsa rendheng ing wanci sonten supados katingal regeng (moderen) sampun ngantos kasor kaliyan swantenipun kodhok tuwin walang kecek(kerek).
Wasana bilih wonten tumpang suhing anggen kula nripta sastra kinarya nglantaraken Dharmanipun Sang Budha ingkang lelandesan Madyama Pati Pada, Catur Ariya Setiyani, Hastha Ariya Masga mawantu-wantu kawula nyuwun gunging pangaksama.
Yogya, yogya, yogya.
Namo Budhaya


Salatiga, 27 Juli 1988
Persaudaraan Agama Budha Mahayana
Indosenisia
Kanayakan jl. Wuni Benoyo II/4-Salatiga
Nayaka Maha Upasaka


(PRAMONOWIRONO)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar