Sabtu, 05 November 2011

UJUB SESAJI


UJUB
  1. UJUBING SESAJI
    1. PANCAKA/ LILIN/ GENI
Makantar-kantaring huruping pancake inggih geni maju sekawan. Sarana makantar-kantar pancake inggih geni, mugi Hyang Maha Suci paring pepadhang. Dene pancake wau ginagangan rupi abrit-pethak; abrit wahyu saking Biyung, pethak wahyu saking Bapa
    1. TOYA WENING
Sarana sesaji toya wening ingkang lenggah maju sekawan mugi Hyang Maha Suci tansah paring weninging cipta rasa lan karsa
    1. WOHWOHAN (buah)
Sarana sesaji boga ingkang dumadi saking pala gumantung, ingkang mengku teges; beja lan cilaka manungsa niku hamung gumantung dening Hyang Maha Suci, inggih Ingkang Akarya Jagad, naming titah wenang mbudidaya supados rahayu. Dening sarining boga katur dhumateng Guru junjungan kita ingkang sampun lenggah ing Swarga Tusita, mugi paring pangayoman. Dene pisang satangkep; tangkeping rasa tresna dhateng Ibu Pertiwi ingkang tansah paring rejeki, Bapa Kuwasa paringa Nugraha
    1. SEKAR
Sarana sesaji sekar abrit pethak ingkang tinata atepung-atemu gelang mugi ingkang Akarya Jagad tansah paring nugraha dhateng kawula. Mugi tansah paring aruming nama kadya aruming sekar kang sinaji. Dene sekar abrit mengku teges tresna (welas-asih) pethak mengku teges suci.
    1. BOGA
Sarana sesaji boga ingkang dumados
                                                              i.      Tumpeng Margana;
Mencep-menceping sedya kawula, ingkang dipun ubarampeni tigan kambangan bilnelah dados kalih, ingkang katon bunder kepleng, kuning inggih kawicaksanan, winengku ing pethak kasucen, lan cinangkoking biru kantentreman. Mugi kawulan tanpa paringa kawicaksanan, kasucen lan katentreman lair dumugining batin.
                                                            ii.      Tumpeng Surya Ndadari;
Minangka pralambang pralampita pandadaring gesang punika mrangguli pait, getir, pedes, asining gesang, mugi tansah pikantuk’a sinaring kawicaksanan.
                                                          iii.      Tumpeng Wajar (seger);
Sarana sesaji tumpeng seger punika kangge milujengi ingkang taksih ngembat ayahane kuwajiban mugi tanpa manggiha suka, seger, senggang saking sesakit winahyu ing karaharjan.

Yogya, yogya, yogya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar