Sabtu, 05 November 2011

RAJASWALA


RAJASWALA
Cekaping Sekar Ketawang RAJASWALA
SL/9

Surya Candra Daru Kartika
Samya ama Dhang jagad raya
Wimbuh weh martana sakehing dumadi

Ing reroncen tembung-tembung ing Sekar punika, para SIswa-siswinipu Sang Wiku sami nyuwun darma/ wejangan dhumateng Sang Wiku ingkang sampun winahyua ing mobah-mosiking jagad lair-batin. Mila para siswa lajeng matur manages dateng  karsane Hyang Akarya Jagad bab prayogining tumindak, sarta maneka warna ingkang samya gumelaring jagad raya punika.
Kanthi lana sarta nglenggana Sang Wiki lajeng anjarwakaken: dene ingkang saged Akarya pepadhang ing jagad punika tata lair inggih: SURYA, CANDRA, NDARU lan KARTIKA. Dados cetha piwulang Budha ingkang sinebat CATUR ARYA SETYANI. Sekawan sejatining kasunyatan anyunaraken pepadhang maratani jagad raya tapa pilih kasih, inggih sadaya titah ingkang kumethip sarta kumelip ing madyapada.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar