Sabtu, 05 November 2011

KETERANGAN AGAMA BUDHA MAHAYANA


KETERANGAN AGAMA BUDHA MAHAYANA
Adhedasar sejarah Indiya Purbakala

Agama Budha Mahayana lair ing taun 244SM ing kitha Pataliputra Krajan Asoka, 299 taun sasampunipun Sang Budha Nibbana.
Lairipun Budha Mahayana wau saking pambudidayanipun Siswa Agung Sang Budha inggih Sang Aswaghosa kanthi pangayomanipun Sang Prabu Asokawardana nalendra Asoka. Sang Aswaghosa wau njembaraken teba piwulangipun Sang Budha ingkang lelandesan Madyama Patipada. Inggih saking kathah siswa-siswi ingkang maneka warna wangsa (bangsa), basa, tatacara, solah tingkah, saking manca nagara.
Seminar wau kasebut seminar ingkang kaping 3, awit seminar ingkang kapisan ing: Rajagreha 100 dinten sasampunipun Sang Budha Nibbana (Seda). Putusanipun: Nemtokaken dhasar-dhasar agama, tatacara, basa tuwin kapustakan. Kaping kalihipun ing: Wesali, 100 tahun sasampunipun piwulangipun Sang Budha perlu Yana (tumpakan) ingkang nglantaraken darmanipun Sang Budha wau kajabaraken.
Kaping tiga ing :pataliputra taun 244 S.M. 299 taun sasampunipun sang Budha nibbana Inggih njembaraken yana (tumpakan )wau mprih ranjaging Dharma (piwulang sang Budha kang sinebat Buddha Mahayana).
BUDDHA = SUCI, MAHA = AGENG (JEMBAR).sinten kemawon saged kamot :si tani, dagang, nelayan, sopir, nara Negara (pegawai, tamtama, perwira , tuwin sanes-sanesipun. Inggih punika kang sinebat wedharing Tripitaka
Bapa Buddha Mahayana :
1.Sang Aswaghosa 2. Nagarjuna,3 .Arya Dewa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar