Sabtu, 05 November 2011

BAWA SEKAR AGENG CITRAMENGENG


BAWA SEKAR AGENG CITRAMENGENG
(KANGGE MBUWANI Puja-puji sesaji)
S/9

Sang Hyang Adi Budhi
Hamba asemedi
Munggwing pasamuan
**Samya muja-muji
Mring Hyang Adi Budha
Mugi amaringi
Kalising sambekala
**Samya muja-muji

Katrangan:
**Kawaos/ kaucapaken sesarengan kaliyan pendherek puja-puji
 Satelase bawa ing nginggil punika lajeng kasambet
Ing sekar Kinanthi Subakastawa (ing tanggal 1-10 lan tanggal 21-30jawi), Kinanthi Candrawulan (ing tanggal 11-20jawi).

CAKEPAN SEKAR KINANTHI INGKANG KANGGE PUJA-PUJI SESAJI

  1. Kanthi sumunaring lampu,
Amadhangi kanan kering,
Sowan hamba mring Hyang Suksma
Mugi-mugi amaringi
Pajaring manah kawula
Mung saking Hyang Maha Suci.

  1. Sang Budha titah pinunjul
Wicaksana lair batin
Tinampia ingkang tirta,
Minangka sembah myang bekti
Mugi peparinga welas
Lir tetesing toya jati.

  1. Sang Budha titah pinunjul
Wicaksana lair batin
Tinampia ingkang boga,
Kanthi renaming kang galih
Mugi peparinga welas
Lir tetesing boga jati.

  1. Kanti ganda sekar arum
Angambar ameratani
Sinembah pada Sang Budha
Pada lir saroja suci
Minangka bekti kawula
Kasampurnan munggwing mami

  1. **Raga mesti nedya lebur
**Kadya sekar kang sinaji
**Layon-layon sami sirna
**Sirnaning raga sejati
**tatas tapis tanpa tilas
**Mulo ayo amemuji


  1. Kukusing dupa kumelun,
Ganda arum meratani
Raosing bekti kawula
Sun pepuji siyang ratri
Kang pantes sinudarsana
Kawicaksanan ngayomi
Katrangan:
**kaucap naming menawi wonten upacara lelayu utawi pengetanipun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar