Sabtu, 05 November 2011

MBUKA TUMIMBALING PUSTAKA TRI DHARMA KAWEDAR


MBUKA TUMIMBALING PUSTAKA
TRI DHARMA KAWEDAR

Awit Nugrahaning Hyang Maha Suci, Maha Asih dhumateng sagungin kawula dasih, miwah pangayomaning Sang Tri Ratna, Bodhisatva Avalokitesvara, jumurunging para Dewa angosikaken titahipun pun Soetomo Dwijoharmoko, angajengaken panyuwun dhateng Kanayakan, ingkang supados ngambali panyithaking Pustaka Suci Tri Dharma Kawedhar, kagem nyaroja ngrembakanipun Darma Sang Budha ing Nuswantara.
Soetomo Dwijoharmoko punika ingkang piniji Gurunadi sumilih mbuka upacara kawitan ingkang pilenggah ing ratri Adite Seta, tahun Dwija, Windu Adi, 1 Sura 1900 Saka utawi 30 Maret 1968 ing Bale Prajurit Makutha Rama, Salatiga.
Inggih tahun 1900 punika ingkang trep sabda Sang Jayabaya 500 tahun lereh Praja Majapahit. Agama Budi bali.
Mila awit saking punika Maha Nayaka jumurungin karsa, minangkani panyuwun ngleksanani panyithaking Pustaka Suci Tri Dharma Kawedar.
Dene laksana dharma punika kagem dherek rancanganing negari mangun manungsa sawetahipun ing tlatah Nuswantara, saengga negari tata tentrem kerta raharja.
Ing salajengipun panyithaking Pustaka katambah sesanggeman ingkang baku kaliyan dewasaning Dharma.
Ing wasana mugi winahyu ing Jaya-jaya Wijayanti lestari widada tuwin basuki.

Yogya, yogya, yogya.


Salatiga, 30 Juli 1988
K a n a y a k a n
Budha Mahayana Indonesia
Kutha Madya Salatiga


Maha Nayaka Pramonowirono

Tidak ada komentar:

Posting Komentar