Sabtu, 05 November 2011

MANGGALA SUTA WINEDHAR (PARITA)


MANGGALA SUTA WINEDHAR (PARITA)


PUCUNG
  1. Tan angrungu,
Piwulang kang tan tinemu
Nuladha utama
Angajeni laku becik
Kautaman tindakna ing saben dina

  1. rip iku
Dumunung ing nagri iku
Setya mring nagara
Awit karma ingkang suci
Mbudidaya kamulyan ingkang sunyata

  1. Jembaripun
Wawasan ingkang tumuju
Ngulawentah driya
Anetesi nggennya mikir
Atrapsila tumuju ing kasunyatan

  1. Bekti iku
Rama Ibu wajibipun
Garwa miwah putra
Lan ngrungkepi Darma jati
Kasunyatan den rungkepi saben dina

  1. Ajejurung
Dedana miwah tetulung
Mring sapadha-padha
Sapadha-padhaning urip
Iku nyata kamulyan ingkang utama

  1. Ati tulus
Ngajeni sagung tumuwuh
Lana lan narima
Dhawuhe pra among suci
Iku nyata kamulyan ingkang utama

  1. Setya tuhu
Sagunging piwulang luhur
Piwulang utama
Dhawuhe pra among suci
Tansah setya mring Darma ingkang utama

  1. Ati tulus
Ngawula kanyatan catur
Setya lan narima
Kasampurnan kang sejati
Iku nyata kamulyan ingkang sanyata

  1. Ndriyanipun
Teteg tatag tanggon teguh
Tan kengguh ing barang
Tan kena duka sakedhik
Iku nyata kamulyan ingkang utama

  1. Ngono iku
Gesang tan gampang ing kengguh
Ing ngendi panggonan
Tatag teteg tan amilih
            Sanyatane kadunungan ing kamulyan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar