Kamis, 01 Desember 2011

DASAR, LAMPAH,GEGAYUHAN AGAMA BUDDHA


DASAR, LAMPAH,GEGAYUHAN AGAMA BUDDHA



  1. DHASAR
Metha karuna:welas asih ingkang tanpa winates. Tegesipun gadhah raos tresna asih dhumateng sadaya titah ing madyapada.awit hyang maha suci anitahaken titah punika kawawas saking kasunyatan wonten 4(golongan):
    1. Manungsa ingkang saged mobah, mosik serta ngucap.
    2. Kewan,saged mobah tanpa mosik,ngucap naming sawarna
    3. Thethukulan,boten mobah, boten mosik sarta boten ngucap.wontenipun namung ewah,minangka pratandha bilih gesang.
    4. Titah alus,(lelembut), kangge ambuktekaken bab wontenipun lelembut inggih punika kanthi conto KEBLAK,umpaminipun, punika wonten swanten nanging boten wonten wujudipun. Jabang bayi ingkang dereng nandhang dosa, kalamangsa nggujeng piyambak tanpa tanpa liniling
  1. LAMPAH
Madyama patipadha: lampah tengah-tengah
1.      Nedha.
Bilih nedha sampun ngantos keladuk utawi kekathahen,sebab dhateng badan padharan raosipun mboten sakec. Kosong wangsulipun bilih kirang nedha, datheng badan raosipun inggih lungkrah, badhe tumandang damel mboten kiyat.
    1. Busana(nyandhang)
Busana ingkang langkung prayogi inggih ingkang samadya(salimrahipun) bilih tiyang ngagem busana boten limrah, ngantos rangkep langkung saking tiga, dipun tingali inggih kirang prayogi(patut)
Semanten ugi bilih babar pisan boten ngagem busana inggih boten prayogi. Kajawi gampil kataman sesakit(masuk angina) ugi dipun wastani kirang susila(sopan)

    1. Filsafat(kapitadosan)
Adhedhasar kasunyatan lampahipun  Sang Buddha piyambak, tapa terus ngantos 6(nem) taun boten saged nggayuh katentreman. Nanging sareng dipun lampahi pitung dinten pitung dalu. Rambah kaping pitu, nembe saged nggayuh kasampurnanjati
Cethanipun: tiyang punika bilih tapa terus inggih namung ngrisakaken badan miwah bebrayan. Nanging bilih ngebo rawa (nedha terus), inggih nelas-nelasaken tedha sarta ngrisak-ngrisaaken prasasat kados gesangipun kewan
  1. GEGAYUHAN
Katentreman lair batin.
1.Katentreman lair, srananipun:
a. Nyambut damel ingkang wekel(sregep)
b. Tresna asih dhumateng sama-samaning dumadi.
c.Setya-tuhu dhateng undhang-undhanging negaari

2.Katentreman batin, srananipun:
Anindakaken sejatining puja-puji miwah sejatining semedi

NGAYUH KATENTREMAN
Kangge nggayuh katentreman lair batin lan batin, kejawi ingkang sampun kasebat ing nginggil, para titah Buddha prayogi mangertosi wontenipun:

CATUR ARYA SETYANI
Catur= papat, Arya= sejati, setyani= kasunyatan. Dados ateges mangertosi dhumateng sejatining kasunyatan sekawan prakawis:
1.      Ananing panandhang:Lair, Dewasa, Sakit.
a.      Lair:
Tandhanipun nandhang: bayi ingkang nembe lair mesthi nangis kekejer/kekejeng
b.      Dewasa:
Tandhanipun  nandhang: mbetahaken nyandhang, nedha, sarta papan ingkang rowa utawi jemba.
c.       Sakit:
Menawi sakit punika sampun cetha bilih sakit punika nandhang.
2.      Sumbering panandhang:
Gebyaring raja-brana, lungguhing kawiryan, miwah mirasaning boga.
a.       Gebyare raja-brana:
Griya, tetumpakan sarta rerenggan
b.      Lungguhing kawiryan:
Drajat, pangkat lan semat.
c.       Mirasaning boga
Pait, getir sarta pedhes asining tetedhan.
3.      Icaling panandhang:
Sarana ngirangi ubaling hawa napsu. Inggih kenging remen nanging kedah samadya kemawon.
4.      Caranipun ngicali panandhang:
Sarana nindakaken HASTA ARYA MARGA
Hasta= wolu(8). Arya= Sejati. Marga= Dalan
Dados nindakaken sejatining dalan wolung prakawis.

a.       Sejatining kawruh:
Gesang ngaten wajib ngudi kawruh ingkang sejati, sampun ngantos kawruh ingkang leregipun dhateng kasangsaran.
b.      Sejatining mikir:
Menawi mikir sampun ngantos ngglambyar, ngalamun, mengeng, dados mikir ingkang sae.
c.       Sejatine ngucap:
Yen ngucap sampun ngantos natoni tiyang sanes. Langkung-lagkung ngantos nuwuhaken pasulayan
d.      Sejatine tumindak:
Sadaya tumindak kedah sarwa andhap asor tansah angajeni tiyang sanes/sesame-sami.
e.       Sejatine makarti:
Bilih nyambut damel sampun ngantos adamel kapitunaning tiyang sanes, sampun ngantos naming mikiraken dhateng betahipun piyamba.
f.        Sejatine pambudidaya:
Boten kenging ngakali tiyang sanes, utawi pados akal supados kasembadan gegayuhanipun, boten ngrugekaken asanes.
g.       Sejatine eling:
Kedah tansah eling bilih manungsa wonten ingkang anitahaken. Kedah tansah emut bilih begja sarta cilakaning titah among gumantung ingkang akarya jagad.
h.       Sejatine semedi:
Manungsan kedah tansah sumungkem dhateng Hyang Maha Suci(Sang Hyang Adi Budha)

Awit begja cilaka, bungah sarta susah.namung Hyang Maha Suci ingkang wenang murba lan mises. Nanging manungsa wenang ambudidaya. Wonten paribasan:GUSTI PARING REJEKI KUDU DIUDI. NUGRAHA SARANA TAPA. TUMEKANING JANGKA SARANA JINANGKAH

Patrap panembah: Awewaton pustaka suci Agami Budha, titah Budha manembah dhumateng Hyang Maha Suci (Sang Hyang Adi Budha)

Panuntun utawi nabinipun Sang Budha. Pustaka (kitab) sucinipun Tri Pitaka

Darmanipun Sang Budha Ingkang mekaten wau sayekti luhur miwah cocok kaliyan mobah mosiking jaman.

Kinarya panglipure panggalih, lan katur dhumateng Guru Agung kita, kula ngaturaken sekar kados ingkang kacetha ing ngandap punika:

DHANDHANGGULA
Lamun ora tidha-tidha malih,
Mpring piwulangnya Sang Budha Gotama
Sayekti gedhe gunane,
Agama Budha iku
Satuhune tansah nocogi
Mobah mosiking jaman
Tansah nora katun
Tumrap ing jaman merdika
Apadene ing ajuning jaman iki
Sayekti datan gothang

Kangge anambahi bukti ing nginggil bilih wilangan tiga/ gangsal wigatos ing nginggil upaminipun:

3(tiga)Kapisan:
Manunggaling kawula gusti(pamor), wilangan wanci: enjang,siyang, sonten

3(tiga) kaping kalih:
Tumraping negari (Kamardikan): trias politika:
a.       Exekutif: Bidang pelaksana (Presiden, para Mentri).
b.      Legeslatif: Bidang social, control social sport, sosiol parcifisien, sosiol sponsibilite(DPR)
c.       Yudikatif: Mahkamah Agung(Jaksa Agung)

3(tiga)ingkang katiga:
Angkatan perang: darat,gegana,lan samodra.
Sumpahing prajurit: Triubaya sakti.
Sumpahing Akri: Tribrata

Wilangan 5(gangsal):
Dhasaring negari gangsal inggih punika pancasila
Arah keblat: 5
                        Reca candhi Borobudhur: 505