Selasa, 15 November 2011

SEJARAH LAIRIPUN SANG BUDHA NAMPI WAHYU,NIBANA (muksa)


SEJARAH LAIRIPUN SANG BUDHA
NAMPI WAHYU,NIBANA (muksa)

Kinarya mbawani Tri Nugraha ing nginggil kanthi rinipta ing sekar srinata(Sinom)

Nuju ratrining purnama
Sajroning taman lumbini
Tentrem tan nana nyabawa
Nadyan kewan saba bengi
Warga sang narapati
Lagya nedheng ngayun-ayun
Laire sang jabang putra
Brol lair ing madya ratri
Suka marwata sang prabu sudadana


Ing negari kosala tlatah hindia sisih le ring ereng-erenging gunung mahameru ing kitha kapilawastu, sidhem premanemdatan wonten sabawaning walang alisik, nadyan sunaring sang retuning nuju purnama sidhi, kewan-kewan saba bengi ugi tan nyabawa kaya-kaya kandheg melu asung pambagya ingkang badhe rawuh
Para narapraja miwah kulawangsanipun sang prabu sudadana sadaya samya ngempal wonten ing madyaning taman lumbini, ugi tan nyabawa awit kaprabawan sang prameswari Dewi Maya ingkang nanggulangi kridhaning sang jabang bayi ingkang wonten salebeting Guwa Garba, awit sang jabang sampun titi wanci tumedhak ing madyapada
Nuju madya tengah ratri Dewi Maya nyuwun miyos dhateng sang prabu sudadana lajeng ginandheng asta nira miyos sajawaning wangon ampriksani endahing sunaring sang Dewi ratri kang nuju purnama sidh. Sang prabu kekalih ngungak ing akasa ing ciptarasa karsa   pineleng dadya sajuga among minta pangayomaning Hyang Maha suci mprih kalising sambekalalaire sang jabang bayi
Nyata katarima panyiptanira katandha ana cahya gumebyar, ilange cahya katon ana gajah putih ing ngarsane sang prameswari ingkang sareng kakedhepaken ical saking panduluning netra sasirnane gajah putih wau sigra sang putri nyuwun manjing jroning pasanggrahan taman lumbini.prapta jlog jroning pasanggrahan adreng kridhaning sang jabang sigra brol lair miyos kakung ing taun 623 S M (Candra sengkalanipun TRI RATNA KEKANTHEN ASTA)
Pepak sagunging para narapraja miwah para Brahmana inggahing para jawata ingkang samnya mangajab mangayubagya lairing sang jabang bayi
Salah satunggaling pujangga ingkang sampun sepuh sasampunipun naliti tandha- tandhaning keagunganing sang jabang bayi sigra sarikutan angusapi waspa, nangis sesengkruan; dinangu sang prabu matur walaka bilih ingkang putra sayekti titah ingkang agung ing benjang dados pangayomaning jagad lair lan batin lamun boten dados nalendra
Amung kuciwaning sang pujangga  dene mboten saged amenangi keagunganipun sang jabang wau
Sareng midanget aturipun sang pujangga wau suka marwata penggalihipun Sang Prabu Sudadana
Putra sinung asma pangeran Sidarta.Amung gawoking lelampahan dene sang prameswari Dewi Maya boten kapareng momong putra ngantos katinggal kaagunganipun namung wenang pitung dinten amomong putra sampun tinimbalan ing ngayunaning Hyang Maha Suci
Sang sidarta sayekti titah kang pinunjul cocog kaliyan wecanipun para Brahmana ingkang samya meca du king lairipun sang sidarta. Kacetha wonten ing salebeting pawiyatan-pawiyatan kasusastaran kaprajan kanugrahan para dwijanipun tansah kalanggar ing kawicaksanan. Saya agung panggalihipun sang prabu sudadana anguningani kawicaksananipun ingkang putra mila tansah ginadhang-gadhang sageda gumantya narendra ing praja kapilawastu sampun ngantos dados Brahmana kados wecanipun para Brahmana du king nguni. Mila ingangkah  sang sidharta supados boten anguningani dhateng kasangsayanging para titah ing madya pada ingkang nandhang papa cintraka ngantos dipun yasakaken pasanggrahan tri mangsa (telung mangsa), inggih punika a. mangsa asrep b. mngsa madya. C. mangsa panas
Sareng yuswa 23 taun sang sidharta kapalikramakaken kaliyan putranipun sang prabu supra budha ing negari ayodya inggih sang putri yasodara sarana sayembara: kanuragan kadosta menthang langkap miwag titising pamanah, kalaksanan sang sidharta saged mboyong putri ingkang sulistya ing warna miwah sejatining wanita. Mila boten aneh tansah renteng-runtung  kadya mimi lan mintuna anggennya akekaronsih anindakaken darmaning satriya mudha
Ndungkap 4 taun sampun sinung putra miyos kakung pinaringan wasiyat pangeran rahula
Titi wanci sang sidharta arsa sinengkakaken ing ngaluhur ngasta pusaraning praja ngrigenaken ubeng ingering negari sang sidharta nedya cangkram ingkang ingajap para nara praja wanita lan pria
Enjang budhal gumuruh saking negari kapilawastu, katinggal upacaraning bebarisan, klebeting gendera rontek miwah tengara matalu-talu yen cinanra panganten binayang baying. Umyek para kawula ing negari kapilawastu sareng miring calon ratunipun badhe cangkraman miwah tengara ambal-ambalan, priya wanita kutha desa rebut dhucung silih ungkih nggennya samya angadhang satepining marga ingkang badhe dipun langkungi lumaksananipun  pangeran sidharta saderengipun linangkungan sang prabu sudadana sampun wara-wara sampun ngantos wonten tiyang cacat, cala ina, sudra papa, papariman, Brahmana miwah boten kenging mancaka layon. Lamun nerak paliwaraning nalendra gedhe pradataning nalendra
Nanging ubeng ingering jagad hamung ingkang Maha Suci ingkang murba-wasesa, mila sanadyan sampun wonten paliwara ingkang mekaten, kapeksa lampahing barisan upacara mprangguli ingkang dados wewalering narendra ingkang sampun kawibarakaken
Sang sidharta saben-saben mrangguli tiyang ingkang cacat,cala ina,sudra ,papa ina papariman tansah ndangu punapa pribadinipun ugi saged kataman panandhang ingkang makaten wau.
Dening pandherek dipun wangsuli,saged,
Angglong tyasira sang pangeran sidharta sareng kamukten punika mboten saged langgeng sarta gesang punika dados jagading kasangsaran ingkang kantun piyambak sang sidharta mprangguli Brahmana ingkang wicaksanaingkang pasuryanipun kadosdene medal sorotipun.sang sidharta ugi ndangu,kawangsulan inggih punika naminipun Brahmana ingkang sampun nggayuh kasampurnaan gesang lair batin.sigra sang sidharta ndhawuhaken dhateng manggalaning bebarisan kondur angedhaton.
Dumugining prajamatur ingkang rama nedya tapa brata ngupadi kasampurnan kinarya ngentasaken para titah ingkang tansah nawung kridhaning kasangsaran.mesthi kemawon Sang Prabu mboten marengaken. Nedya garwa ugi anggendholi, awit ing reh sesarengan anggulawenthah ingkang putra pangeran.Rahula mbentoyong penggalihipun sang sidharta sareng midhanget dhawuhipuningkang rama miwah aturipun ingkang garwa, legeg penggalihipun kadya dhinodhog jajanipun njenger tan saged ngucap mbegegeg kadya tugu sinukarta. Nanging bawaning satriya tama penggalih ingkang mekaten wau saged sinamudana, nanging ing cipta sedyanira tan gumingsir sarabut pinara sasr. Mila sareng madyaning ratri kepara garwa miwah putra sampun sare, sang sidharta ampreksani ngleketeripun sang putra ing kekepane sang ibu ing cipta cat tega,cad boten nanging titi pamawasing netra lamun sang putra sampun kuwawa pangkruketing ibu miwah panggulawanthahing wibi,sigra los saking sananendra kadhereaken abdi tetiga sampun kasamekteaken turangga ingkang sampun rinakit. Turangga kagebrag mbetah kadya kilat kesit kadya thathit sirna saking panduluning ratrining kitha lumebet ing desa-ngadesa prapteng tepine wana uruwela ing ereng-erenging gunung himalaya. sigra tedhak saking turangga.busana kasatriyan karucat,santun ngagem busananing ngatapa miwah rikma kaparas kakintunaken abdi pandherek katur ingkang garwa kinarya pratandha bilih sang sidharta mangun tapa.
Sang sidharta noraga njalajah wana wasa tumuruning jurang trebis, kala mangsa mrangguli para Brahmana ingkang sami mbangun teki sang sidharta wawansabda luhuring kasampurnan ngantos rambah kaping gangsang. Nanging sadaya wau dereng saged minangkani pamundhutipun sang andon lelena brata mila ing cipta nedya teteki pribadi ngantos saged ngayuh arya marganing katentreman(arya= sejati)
Lampah meketen wau tri warsa salebeting guwa, tri warsa sangandhaping mandera ngantos sarira kuru aking lamun cinandra lir raga koncatansukma madyaning ratri wonten sasmita wewentehan lampah makaten wau kirang leres awit damel sangsaraning raga pribadi kang tanpa wates miwah garwa putra ingkang taksih dados wewenangipun.mila lajeng kondur manggihi garwa lan putra nanging ing cipta tetep badhe ngudi kasampurnan jati namung lampahipun saben pitung dinten pitung ndalu tuwi garwa putra. Lampah makaten wau ngantos rambah kaping pitu sampun ndungkap kasampurnan jati kados rinipta ing sekar: SRINATA ing ngandap punika:
                                   

                                    SINOM
Mancorong sunaring candra
Sumunar tan pilih kasih
Yata pangeran sidharta
Mempeng denira semedi
Sangandhaping wit budi
Tumuruning wahyu agung
Ya madyama patipada
Twin catur arya satyani
            lampah hasta arya marga kang utama





NB: Nyuwun sewu dumatheng sagunging pamiarsa Tulisan punika dereng rampung, mangkih kasambung maling menawi kulo sampun gadah wekdal damel lajengangen tulisan punika. nuwun nuwun lan matur nuwun

WANGSULIPUN AGAMI BUDDHA


WANGSULIPUN AGAMI BUDDHA

Wangsulipun Agami Buddha kawawas sarana sejarah.
Bebukaaning sejarah wangsulipun agami Buddha, amprihamprih resep ing pamireng rinengga ing sekar Dhandhanggula
                       
                                    DHANDHANGGULA  
                       
                        Candranira kinarya ngluri,
                        Piwulangnya sang Buddha Gotama
                        Lir kebo mulih kandhange,
                        Khaceta ing Borobudhur
                        Ingkang dadya minangka seksi
                        Yekti piwulang Buddha
                        Kang ingagung-agung
                        Mula nira para kanca
                        Ayo podha bebarengan ngurip-urip
                        Nuhoni marang Dharma

Dados menawi dipun wawas sapunika para siswaning Sang Buddha katinggal ngrembaka, saben dinten tansah mindhak,awit saking dipun sebat ing saloka , KEBO MULIH ING KHANDANG.
Katitik muni-muni. Solah-tingkah , tandang-tanduk, tandang-grayang, lair batin ing madyaning bebrayan punika, cetha sanget bilih jiwanipun taksih ngrembaka dhateng piwulang kabudhan, kajosta: pakecapaning basa, bebasan, trap silaning pasrawungan, tatacara, tandang graying bebrayan lair batin. Umpaminipun: nalurining sesaji, babagan balai wisma/griya, ingkang sarwa tiga kadosta: badhe nabuh gamelan mawi sesaji,beksa mawi dipun tabuhi, wilanganing beksa mawi tiga lan gangsal. Lelagon jawi mawi paugeran pathet inggih tiga. Slendra: nem, sanga lan manyura. Pelog: lima lan barang.
Seksi ingkang sanyata: candhi Borobudhur boten saged kebantah malih, awi punika cetha wewangunan Buddha. Mangka punika tilaranipun kaki-nini duk ing nguni ingkang tansah ingagung-agung, serta sayekti dados pratandha kaegunganing kaki nini kita. Kangge ngluhuraken panutan Agama Buddha. Tumpraping,negari sarta bebrayan umum,saben wonten tamu saking manca negari ing saindhenging bawana, mesthi merloaken dhateng Borobudhur. Dados cetha sanget bilih kaki nini kita wiwit kina makina sampun ngrasuk agami Buddha sarta sampun mbalung sumsum tuwin thandes ing sanubari. Dados agami Buddha (Dharmanipun Sang Buddha) sampun kuwawi ngluhuraken kuncaraning bangsa miwah negari warata ing saindheinging bawana.
Tuwin malih bilih katiti saking sejarah, Adhedhasarlaladaning negari duk kuncaranipun prabu smaratungga ingkang yasa Candhi Borobudhur, Mendut, pawon, plaosan, kalasan, candhisar, miwah candhi sewu. Laladaning negari sisih kilen:dumugi Madagaskar, ler: dumugi pulo formusa, malah indocina ugi kalebet laladan negaripun prabu smaratungga, wetan dumugi Irian.
Para raja reh-rehan kala wau sami manungkul tanpa karana ginebag ing bandawala pati (perang) namung saking kayungyun payoning kautaman .
Bab agama Buddha, boten namung ubeg ing jawi Tengah kemawon nanging sumebar waradin ing saindhenging Nuswantara (Indonesia). Buktinipun ing Sumatra(Lampung ler) wonten kraton tulang bawang ingkang run temurun, kadhatuwan sriwijaya ing Palembang.Ing Kalimantan ugi wonten kraton kutai, inggih sang Mulawarmann ingkang minangka rajanipun. ing jawi kilen krajan Tarumanegara,ingkang dipun asta dening sang purnawarman, jawi wetan kaprabuan majapait kasta prabu Brawijaya,sang udayana ing bali sarta sang candradewa ing Irian
Pramila boten nama aneh sareng wonten piwulang Buddha thukul malih,para sanak kadang, mitra karuh sami andalidir sami tumut alelumban ing madyaning pawiyatan Agama Buddha,ingkang dipun beberaken dening ingkang kawogan ambabaraken Dharmaning Sang Buddha
Pramila sumangga sami dipun leluri. Nanging punika boten kanthi raos peksan, awit bilih sarana peksan punika cengah kaliyan Dharmaning Sang Buddha ingkang adhedhasar METHA KARUNA (welas asih)
Para siswanipun Sang Buddha, minangka selingan mrih regenging sarta reseping swasana kula ngaturaken sekar Dhandhanggula candhakipun sekar ing ngajeng
                                   
                                    DHANDHANGGULA

             Pancen nyata jaman Majapahit,
            Jaman nira prabu Brawijaya
            Ingkang dadya panutane
            Agama Buddha iku
            Ingkang samya pinundhi-pundhi
            Sagung pra nara praja
            Myang kawulanipun
            Kacheta jroning bebrayan
            Patrapira sesaji miwah semedi
            Yekti piwulang Buddha

Pancen nyata jaman Majapahit jamanipun prabu Brawijaya Agama Buddha lan Hindu dados agamaning negari. Pujangganing Agama Buddha: Mpu Prapanca, tetilaranipun awewaton sejarh: Candhi kidal, panataran, jago, candhi sukuh
Nitik anggenipun boten ambedak-mbedakaken kasta miwah jinising manungsa (jaler-estri), miwah jejeging adil, kaprabuan Majapahit wonten raja 6 (nem) ingksng kalebet agung: Tribuwana,Tunggadewi, Wisnuwardani sarta suhitarini (Kencanawungu, ing langendiyan)
Mila para wanita ingkang boten tidha-tidha malih, sami nyinau Dharmaning agama Buddha salebet-lebetipun, kinarya mangsulaken kawibawaning para wanita dados duking nguni miwah purwanipun
Wiwit nara praja miwah kawulanipun kakung-putri, sugih utawi mplarat, sami ngaken Agama Buddha, tur sami nindakaken kanthi mulunging panggalih
Mila mboten aneh bilih ing buku sejarah sinebat Negara kerta gama. Kerta tegesipun boten gadhah mengsah (cecengilan). Gama: para kawulanipun sami nindakaken agami kanthi tulusing manah
Mekaten ingkang jalari bebrayan punika ngantos sapriki angel sanget kapurih nilaraken sesaji
Mila menawi nitik rumpakan sekar Dhandhanggula cetha sanget Dharmaning Sang Buddha ngrembaka ing jiwangga/sanubarining bebrayan
Semanten rumpakan sejarah kabudan ingkang saged kula aturaken sarta sakedhik kabumbonan buku-buku babad tanah jawi,mugi kenginga kangge garan para siswanipun sang Buddha ingkang sami anresnani sarta angeluri Piwulang agami Buddha tuwis kaki-nini ing nguni

PRAWACANA


PRAWACANA

Pustaka Tri Darma Kawedhar kaping IV.

Nuwun para Bapak/Ibu, kadang Upasaka/Upasika sarta para maos ingkang kula mulyaaken.
Namo sang Hyang adi Buddhaya. Namo Buddhay.

Nuwun kula minangka Pembimbing Masyarakat Buddha Kantor wilayah Departemen Agama Jawi Tengah, kanthi sineratipun pustaka Tri Darma Kawedhar ingkang kaping sekawan, kula ngaturaken gunging panuwun ingkag tanpa upami dhumateng Sang Hyang Adi Buddha, ingkang sampun anurunaken kawicaksanan dhumateng pangebating Agama Buddha Mahayana inggih panjenenganipun Bapa Maha Nayaka Pramonowirono.Ingkang kanthi pustaka punika

1.       Para titah Buddha badhe saged mangertos sapinten lebetipun ajaran-ajaran agami Buddha.lan badhe saged nindakaken tata cara,upacara agami Buddha kanthi leres.
2.      Badhe saged dipun mangertosi dening sinten kemawon lan ugi saged dipun mangertosi dening para nara praja, bilih ajaran agama Buddha cocog sanget kaliyan Undang-undang 1945 Negari Repoplik Indonesia ingkang ajawi Pancasila.
3.      Inggih pustaka Tri Darma Kawedhar punika Agama Buddha kuncara malih ing nuswantara,awit:
a.       Bangsa kita kanthi maos pustaka Tri Darma Kawedha, pirsa sejarahipun kaki nini ingkang sampun kuncara ing jagad raya kanthi nilaraken patilasan-patilasan Agung
b.      Inggih khanti pustaka punika titah Buddha saged mangertosi, dhasar, lampah sarta gegayuhan Agami Buddha, ingkang ngewrat ajaran catur Hariya setiyani. Hasta Hariya Marga.
c.       Inggih pustaka punika ingkang ngewart ajaran tata cara lan ajaran Agama Buddha ingkang adhedhasar saking pustaka suci Tri Pitaka saha kalarasakenkaliyan kapribadening Bangsa Indonesia
            Para paos ingkang minulya, sanadyan kathah pustaka tuntunan agami Buddha ingkang kula waos nang dereng nate wonten pustaka ingkang ngewart upacara Agami.
            Kadosta tatanan caraning manembah patrap saha solah tingkahipun,tatanan tanggap jabang bayi,temantenan pangkrimating layon lan sanes-sanesipun.
            Mangka sareng kula maos pustaka punika saha kula mangertosi, katingal sampurna, runtut lan wijang tatanan satunggal lan satunggalipun.
            Pramila ing agesangkedah mangertos panjing surup la nasal-usulipun:
           
1.      Ngaturaken sembah pangabekti dhumateng tiyang sesepuhipun.
2.      Setya lan mituhu dhumateng Guru jati.
3.      Sembah sumungkem dhumateng Hyang Maha Suci

            Wasana minangka panutup, bilih wonten kaladuking atur mawantu-wantu nyuwun aksami. Yogya ,yogya ,yogya  
                                   
                        Namo Buddhaya

Semarang,tgl 30 juli 1988
Pembimbing Masyarakat Buddha jateng


SOETOMO, BA.
NIP :130080611.

Sabtu, 05 November 2011

MANTRA SAKTI

MANTRA SAKTI

DUDUK WULUH
  1. Sembah ulun, sungkem Hyang Maha Agung,
Sun susuwun mugi-mugi, sedya ulun den kinabul
Sirna memalaning urip
Sang Budha paring pangayom

  1. Rasa muhung, rumeseping balung sungsum
Rasa rumangsa ngrungkebi, rah tumrah pra leluhur
Rasa sumanggeming budi
Rumajang miwah reroyong

  1. Nandhang wuyung, nuruti sasmita luhung
Narbukaning manah suci, nindakken dhawuh Hyang Agung
Nulya bangkit ing panganggit
Nenangi raosing batos

  1. Panembahku, punjering panembah ulun
Paringa nugraha jati, pindha kartikaning esuk
Panjrah puspita sinuji
Prabancana kang sumorot

  1. Darmaipun, dumugi ing janjinipun
Dadi pepeling kang edi, ndungkap gangsal atus taun
Dredah krajan Majapahit
Dahat Sabda Smara katon

ASMARADANA
  1. Manembah Hyang Maha Suci,
Mugi peparinga welas
Mring kawula ingkang lamong
Momong sagung titah Budha
Madya wusananing darma
Mring pepalang malang megung
Musna datan karana

  1. Cloroting wahyu sejati
Candra surya lan kartika
Cipta rasa mring Hyang Manon
Cahya sumunar trawaca
Cihna lamun katarima
Clorot wahyu kadya ndaru
Cumunduka titah Budha

  1. Jana mudra jroning smedi
Jumangkah raos manembah
Jroning cipta mring Hyang Manon
Jaya-wijaya paringna
Jabang bayine kang muja
Jiwa muhung mring Hyang Agung
Jinurungna kang sinedya

  1. Wus lami nggen kulo nganti
Wangsul Budha Mahayana
Winongwonga wahyu Prabon
Wus nate ing Nuswantara
Wibawa Dwija Wiyata
Watara dwi dasa taun
Wayah wareng siwur nyadang.

SURA DIRA JAYANINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI


SURA DIRA JAYANINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI
Kawedhar ing sekar SINOM

  1. Sura dira jayaningrat,
Ra sura tegese wani
Dira teges kaprawiran
Rasa prawira lan wani
Jaya tan na wani tandhing
Ya rasa digang adigung
Ning rat tan ana kang padha
Rat jagad dianggep sepi
Datan eling wasesa Hwang Murbeng Jagad

  1. Lebur dening pangastutinya
Bur lebur tatas lan tapis
Dening pakarti utama
Ninging cipta den kaesthi
Pambudidaya basuki
Ngastama mring Hyang Agung
Tumindak titi tumata
Tinaliti kang pratitis
Nyata lebur saka pakarti utama

KIDUNG WUNGON WIDADAREN


KIDUNG WUNGON WIDADAREN
(menawi putra aras Slendro, manawi putri larasipun Pelog)

Dhandanggula
  1. Anyar kara kinarya murwani
Ing bubuka tata upacara
Angluhuri nalurine
Ing wanci dalunipun
Amiwaha midadareni
Ingkang adarbe karya
Aglar guyub rukun
Ameminta rahayua
Ing purwa madya wasana mangun kardi
Ayu ayem raharja

  1. Jana mudra ya angesti puji
Jinurunga ing sasedyanira
Jumbuh ing katresnane
Jatukrama jinurung
Ji pinuji amidadareni
Jumedhul Sang Hyang Kama
Jaya Ratihipun
Jawata ing Cakra kembang
Jangkep angampil kembar mayang kekalih
Jinodo sinisihan

  1. Dumadining titah akaronsih
Dasihira dinarma ing wedha
Darma laksita jatine
Dinamu dadya sadu
Dumadi lumahing pratiwi
Dirgantara nyabawa
Dara dasih madu
Dur angkara samya sirna
Dwi purna darma Sang Kamajaya Ratih
Ndirgantara mekayang

  1. Meh madyaning ratri kang pinuji
Memuji Sang Ratih Kamajaya
Marma kalis rubedane
Manembah Hyang Maha Agung
Matur gunging panuwun sami
Madya purwa wasana marmanta winahyu
Mawantu atur kawula
Molak malik sastra lukita kang runcit
           Minta kasamanira

NAMA TAUN MIWAH WINDU, KANG CINITRA ING SEKAR


NAMA TAUN MIWAH WINDU, KANG CINITRA ING SEKAR

POCUNG
  1. Namanipun Tahun jawi jatinipun
Aji kang kawitan
Mawa surasa kang wingit
Cucuk gathuk tata laksana budaya

  1. Manut petung, pinetung ing para wiku
Dwija kekalihnya
Dwi teges wilangan kalih
Loro jodho guru laku palakrama

  1. Tata taun, tumata tansah lumaku
Puji katrinira
Basa pangucap mring widhi
Tri Murti teges sing sastra wicaksana

  1. ugeripun wilangan kang genep iku
Muja kapatira
Muja tegese semedi
Sengsem marang budaya ingkang susila

  1. Njanur gunung, kadingaren metang petung
Nuswa kang kalmia
Manca pat manca nagari
Tasik angka nama taun kenrima

  1. Wasana mung, mungkasi wilangan tahun
Dhusun kaping sapta
Prasetya pra wiku yekti
Gesang namanira taun kaping hasta

  1. Windu iku wilanganing taun wolu
Papat cachira
Kawiwitan windu Adi
Kalihira anama windu kuntara

  1. Ndungkap telu, wilanganing tahun wolu
Jangkep kaping papat
Sancaya windu kawuri
Jangkep papat winahyu Hyang Amurbeng jagad

MIJIL


MIJIL
PL/6


  1. Amiwiti caraka tinulis
Nuladha carios
Cinarita sagung leluhure
Rasa rumangsa ngrungkepi
Kwajiban dumadi
Dumadining taun

  1. Taun Jawi sayekti wigati
Sakeh sagunging wong
Wongsa Jawa tanggap tan nglirwakke
Lirwa marang pipelining kaki
Pepali mring Widhi
Dhinadha satuhu

  1. Jana mudra ya angesti Budhi
Ya estining batos
Nyuwun mugi kalis rubedane
Madya purwa amungkasi ugi
Ginulanging Budhi
Budhi thuking taun

  1. Thukul taun jawi kang tinangi
Ngesti Budhi katon
Eka purna jawata nunggale
Nunggal cipta cinipta ing Budhi
Cinandhi syang ratri
Rereh raras rampung.

ASMARADANA


ASMARADANA
PL/5

  1. Hanacaraka tinulis
Nama Denta Wiyanjana
Cekap dwi dasa wus momot
Rumpakan maneka warna
Karuh lair batin uga
Dadya wewatoning petung
Tumprap arsa paring nama

  1. Satuhune warsa Jawi
Wiwit kuna-kuna mula
Lamabang lampahing lakon
Pindha surya candrantika
Dhateng manungsa supana
Jiwa agal alusipun
Yekti datan kasamaran

  1. Nyamut-nyamut kang tan uning
Mring wijaning santra jawa
Guna pigunanging batos
Batos winong wong Bathara
Thuk ing sastra kalih dasa
Ngujwala ing jiwanipun
Hanacaraka manuksma

DURMA


DURMA
PL/6

  1. He pra mudha elinga piwulang Budha
Nalika jaman nguni
Candhi-candhi cetha
Rah tumrah weh tuladha
Kalokaning kaki nini
Dahat sanyata
Tuhu wibawa mukti

  1. Sayektine pra eyang angrasuk Budha
Winahyu ing Hyang Widhi
Las tilase nyata
Prastawa candhi Budha
Dheder pangarsaning Budhi
Jiwa santosa
Yuwana salami-lami

  1. Nyatanira jaman Budha wus kasusra
Manca pat manca nagri
Gul-aguling wangsa
Budha suci Budhinya
This mathising lair batin
Ngungkap sejarah
Ing candhi kinarya bukti

KINANTHI


KINANTHI
SL/9

  1. Anuju enggaling tahun
Nuju ing purnama sidhi
Cinandhi ing wismaloka
Rinakit sagung sesaji
Kakung putri samya muja
Dumadining taun jawi.

  1. Taun jawi kang satuhu
Sayekti karya miwiti
Wiwit mula mulanira
Luluhur samya ngantepi
Pitaya petunge warsa
Dhinaku miwah pinuji

  1. Jatining pra wayah buyut
Yu mamayu nyunyungkemi
Nyungkemi kamulyanira
Mulyaning kaki suwargi
Ginulanging kabudayan
Budha-budhi dipun eshti

  1. This pancake mubyar murup
Ngumandang puja lan puji
Amemuji mrih yuwana
Nara praja naning nagri
Candhala baliya marga
Rupakan puwnameng Budhi

GAMBUH


GAMBUH
PL/6

  1. Agama Budha iku
Nembah marang Hyang Kang Maha Agung
Cipta rasa pineleng daya sawiji
Risasa rasaning kalbu
Kinukut angkoro batos

  1. Dadya lampahing laku
Tri Sarana datan kena kantun
Sang Budha sarta Dharma mugi ngayomi
Wiku ugi datan kantun
Lampah semedi linakon

  1. Pancasilane iku
Dhinada prasetya kang satuhu
Jah-pinejah ndaku liyan datan kenging
Ya angrusak pager ayu
Nyingkiri ucap kang goroh

  1. Miwah adigang adigung
Gegulang mangan kang bisa wuru
Budidaya becik lamun den singkiri
Thuking upacara iku
Ngudi basukining lakon

SINOM


SINOM
PL/5

  1. Ambawani piwulangnya
Nulis piwulang Sang Budha
Cacah Hasta Arya Marga
Rumiyin kawruh sejati
Kalih sejatining mikir
Dupi ngucap katrinipun
Tindak-tanduk catur ira
Sumambung ing panca kardi
Wiwit mbudya
Lawan elinga ping sapta

  1. Putra-putri jana mudra
Dhada nggen ira semedi
Jangkep ingkang kaping Hasta
Yekti datan kena lali
Nyinau siyang ratri
Mugunakna ala-nganggur
Gegulang lantiping driya
Becik lamun den lakoni
Thek kliwere
Ngudi swasana kamulyan

PUCUNG


PUCUNG

  1. Anenuwun
Nuju enggal ingkang taun
Cipta ning kang rasa
Rina wengi amemuji
Kaki nini kang dadya tepa tuladha

  1. Dipun tiru
Tindak tanduk kang satuhu
Satuhuning watak
Watak wantuning ngaurip
Lila legawa ing driya tapa-brata

  1. Putri kakung
Dhudahi piwulang luhur
Jiwa mrih wijaya
Ya wijayaning ngaurip
Nyuda dhahar guling sarta tindak murka

  1. Mung tumuju
Gegulang urip kang lugu
Budhi kantentreman
Thetenguk kanthi semedi
Ngudi tentrem lair batining ngagesang.