Sabtu, 05 November 2011

SEMBAHYANGIPUN


SEMBAHYANGIPUN:
Sedinten sedalu kaping kalih,inggih punika :
1.      Kagem gesang dalu ,ing wanci dalu (jam 8.00 )
2.      Kagem gesang siyang , ing wanci siyang (enjang miturut wungunipun sare.

Katerangan :
Sebabipun  Agami Buddha sembahyangipun sedinten sedalu naming kaping 2, awit sedaya titah dumadi saking 2 jenis :

a. Jenis titah                  : lanang /wadon.
b. Gesang  ing wanci     : siyang /dalu
c. Kkasorotan sorot      : srengenge/rembulan
d. Kawadhahan ( katumpangaken )ing lemah kinureban  (katumpangaken) ing lemah kinureban ing langit.
Tuwin malih karingkes isen-isenipun donya punika naming sarwa kalih  :ageng/alit, tuwa/anom, ala/ becik, kuru/ lemu,adoh/ cedhak tuwin sanes-sanesipun

UCAPING SEMBAHYANG NAMA: WANDANA.
Mekaten ucapipun:

Hyang Maha Suci sembah sungkem mugi konjuk,
sedaya lepat nyuwun gunging pangaksami, nyuwun tambahing karaharjan
Kaucap kaping 3
.
UCAPING PANGAYOMAN NAMA: TRI SARANA
Mekaten ucapipun:

Dalem ngayom dating Sang Budha, Dharmanipun Sang Budha mugi ngayomi
Kawicaksananipun Sang Budha mugi ngayomi.
Kaucap kaping 3

UCAPING WELAS ASIH NAMA: METHA KARUNA.
Mekaten ucapipun:

Para Dewa manggiha rahayu
Para Sata(titah alus) manggiha rahayu
Dewa Naga manggiha rahayu awit dayaning puja-puji semedi.
Kaucap kaping 3

 Keterangan:
Sembah Hyang ing nginggil punika sedaya naming kabatin, awit wujudipun semedi.

PATRAP SARTA ADHEPING SEMEDI.
Lenggahipun : Sila, sarira jejeg, sirah tumungkul, netra merem, asta tumumpang ing pangkon, napas nupus tumata.

MADHEPIPUN:
Manca Pat Kenging, JALARAN Hyang Maha Suci punika anglimputi jagad saisinipun.

Wudharing semedi:
Nyembah kaping tiga.

Keterangan:
Ucap ingkang sarwa kaping tiga 3:
Gegandengan titah wau dumadi saking 2 jinis, inggih lanang/ wadon. Dumadining titah saking jaler/ estri, nanging sanadyan lanang wadon sami cumbana mawantu-wantu bilih boten pikantuk kanugrahaning Hyang Maha Suci tangeh dadosipun titah. Nyatanipun bilih titah wonten tiyang gabug, kewar-kewer, jagung majeran.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar