Sabtu, 05 November 2011

UJUBING WILUJENGAN ASUNG DHAHAR


UJUBING WILUJENGAN ASUNG DHAHAR
(KUMBAKARNAN)

            Para Bapak para ibu kadang mitra karuh tangga tepalih ingkang kawula mulyakaken.
            Ing mriki kawula minangka sesulihipun Bapak ...... sakulawarga, kapuring ngaturaken wigatosing karsa, ingkang sarana ngrakit sesaji (ubarampen) ingkang rinekit ing ngarsa panjenengan sami.
           
Bapak ……
  1. Ngaturaken genging panuwun dhateng Hyang Maha Suci, dene dipun parenganken ngawontenaken puja-puji miwah semedi.
  2. Ngaturaken genging panuwun dhumateng panjenengan sami ingkang saged minangkani aatur panuwun.
  3. Wigatosing krasa ingkang sepuh dipun suwun idi pangesatunipun, ingkang enem jurung pamuji, tita Buddha puja-puji miwah semedi.

Bapak ……
  1. Ngrakit tumpeng agung kangge ngapungaken panuwun, amulyaken para leluhur ingkang sampun murut kasidan jati.
  2. Umbarapening tumpeng ageng mawi tigan kambangan ingkang katugel: katingal bunder keplenging jene kawicaksanan winengku ing petak kasucen, cinangok ing biru katentreman: inggih kawicaksanan, kasucen katentreman mugi tansah handayani sedya panuwunipun Bapak……
  3. Tumpeng pangpit mulyakaken para leluhur ingkang karimatan tuwin ingkang boten karimatan. Awit dayaning puja-puji semedi, pikantuka panggenan ingkang samesthinipun.
  4. Sekul liwet kabuli mugi-mugi Hyang Maha Suci angabulna sedya panuwunipun Bapak …… anggenipun gadhah sedya ……
  5. Golong 7 (pitung) jodho ingkang sejodho mulyakaken ibu Pertiwi ingkang paring rejeki, Bapa Kawasa ingkang paring nugraha. Sajodho malih Dhanyang. Semara-Bumi bumi ingkang rumeksa raharjaning dhusun. Kalih jodho malih mulyakaken tuntunan kita (Catur Dyani Budda): Sang Gautama jagad wetan, Maitreya jagad ler. Sajodho malih Kijaga rumeksa salebeting wangon, sajawining wangon. Kalih jodho malih kadang sekawan ingkang rumeksa raga sejati.
  6. Tumbasan peken mulyakaken sengkala-sengkali: sengkala ingkang rumeksa margi pra sekawan tuwin pra tigan. Sengkali ingkang rumeksa lumintuning tuk (toya) ingakng kasebat kesampar kasandhung mugi sampun ngantos ngrubeda.
  7. Tumpeng wajar (seger) mulyakaken kulawarga (badan sabrayat) ingkang sami nindakaken pakarti mrih kaleksananing wilujengan punika. Mila sadaya dipun mulyakaken mugi tansah wengku-winengku ing karahayon sarta kaleksananipun sedya panuwunipun Bapak …… awit saking pangayomaning Sang Triratna miwah nugrahaning Hyang Maha Suci.
Wasana cekap ingkang dados atur panuwun kula bilih wonten kirang sarta cupeting atur kula, para rawuh kersaa paring gunging pangaksami.
Panutuping atur sumangga para titah Buddha maos puja-puji semedi: Wandana, Trisarana, Metha Bawana (Catur mantra).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar