Sabtu, 05 November 2011

CARAKA KRIDA SWARA DHANDANGGULA


CARAKA KRIDA SWARA
DHANDANGGULA


  1. Amiwiti caraka tinulis
Nuladha tanggap warsa cinarita
Cinandra raras resepe
Rinasa saking laku
Kumedah Pra Budha angudi
Dumadining tata warsa
Tinata satuhu
Samya tanggap warsa jawa
Wiwit eka purna jawata aji
Linali sang saya pana.

  1. Putra-putri byar purnama sudhi
Dhadha ninging cipta sarta puja
Ja-pinuja mrih jayane
Ya ing wismo lokayu
Nyunyuwun mring Hyang Maha Muni
Mugi kali sing godha
Godha kang lumebu
Budidaya mring bathara
Thetenguk semedi rina lan wengi
           Ngudi utamaning wangsa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar